Sabtu, 05 Oktober 2013

lanjutan....NSP LEOKIMIA

Lanjutan....


Nani  : pareng pak,!
Pak slamet : mbayare pira ta sesasi?
Nani : biayanipun inggih punika sedoso juta saben sasi.
Pak slamet  :  o,,,pantes bu puji sugih,mobile wae satus,omae sepuluh,saben omah kamare selawe,motore sewu,tivine sepuluh saben omah,saben omah omahe tingkat sepuluhewu.lan sing paling ngeri maneh,bojone sewu lan anake sepuluhewu,wadone 8000 lanangane 2000 lha nek les daftare nang lantai pira?
Nani   :  lantai sangangatus pitungdasa gangsal (975).
Pak slamet : lha piye munggahe?apa ora kesel numpak onda?
Nani   : waduh pak,jaman niki mboten wonten onda,katahipun ngagem tangga,lha ingkang luwih canggih bin modern inggih punika lift lan eskalator.
Pak slamet  :waduh aku pancen ndeso,lha lift ki apa,tangga ki apa lan eskalator ki apa?
Nani  : tangga inggih punika mirip onda nanging miring,eskalator inggih unika,tangga inggkang obah,lift inggih punika ruangan inggkang mlampah menduwur.
Pak slamet  :o….,ngona ta,lha nang omahe bu puji nganggo apa?
Nani   : o…,komplit pak,onda wonten,tangga wonten,eskalator wonten,lift wonten,malah wonten helikopter lan pesawat kangge mabur kanthi tekan lantai paling inggil.
Pak slamet : wah,bu puji jan,sugihe poool,.
Nani  : sinten kemawon ingkang les wonten dalemipun bupuji gratis renang wonten dalemipun bupuji.
Pak slamet : emange omahe bu puji ana kaline?
Nani   : jaman niki mboten ngagem kali malih pak,nanging kolam renang.
Pak slamet  : la kolam renang kui apa?
Nani  : blumbang utawa bak gedhe kanggo renang.
Pak slamet  : o…ngono ta.
Bu slamet  : pak…iki ana klanthing,di pacit pak,o…dik nani dipacit dik.
Nani   :  nggih bu,matur nuwun.
Bu puji  : lho nani kok wis bengi durung bali,jarene arep les nang nggon ku?
Nani  :  o…bupuji,niki bu,kula tasih ngobrol kalih pak slamet,kula badhe les tenggen dalemipun ibu,tapi kesuwen ngobrol.
Bu puji   :  ya wis ,daftar saiki pa,selak bengi ,ki wis jam 12 bengi,mesake koe.
Pak slamet  : Bu,macit riyen,niki wonten klanting atos.
Bu puji  : nggih pak,maturnuwun,tapi mesaake nani sampun bengi,.
Nani  : pak ampun dhahar klanthing….
Pak slamet  : uwis meneng,tak gapruk menggko,ngganggu wong tua macit klanthing.    
       “sakwise pak slamet macit klanthing,pak slamet lara untu”
Pak slamet  : aduh…!untuku lara,metu nanahe,
Nani  : lha sampun tak ngendikani malah ngeyel,bu puji ayo kula lan ibu kudhu tindak saking mriki,nek mboten kito saged  seda amargi ambunipun nanahipun pak slamet.
Bu puji : ya wis Ni,pak slamet pareng riyen.
“ nanahe pak slamet muncrat 45 liter  
Pak slamet : (cruat) aduh untuku lara,muncrat nanahe.
“bu puji, nani lan bu slamet mati amarga ngambu ambune nanahe pak slamet sing bosok”
Bu puji   : (hoek)ambune bosok,aku muntah (hoek)
                 (lailahaillallah)aku mati.
“bu puji mati”
Nani  : :bu puji,ampun sedha riyen kula badhe les basa jawa,  (hoek)ambune   bosok,aku muntah (hoek)
                 (lailahaillallah)aku mati.
“Nani mati”
BU slamet   : hoy,aja padha mati : (hoek)ambune bosok,aku muntah (hoek)
                 (lailahaillallah)aku mati.
“bu slamet mati”
Pak slamet  : aja padha mati,aku dewekan nang desa iki,wong nang deso iki wis pada mati gara gara nanahku kumat,metu maneh.Ya wis aku tak bunuh diri bae,aku tak ngelek nanah bosok ku,(glek glek) (hoek)rasane hoek aku arak muntah (hoek) aku ora bisa muni kalimat tayibah,amarga bunuh diri,aku mlebu neraka,aaaaaaaaa,(hoek) muntah ,aaaaakuuuuu maaaaatiiiiiiiiiiii!
“pak slamet,bu slamet,Nani,bupuji lan wong sa deso padha mati,kewan ternak sa deso padha mati,lan wit witan sa deso padha mati gara2 mambu bosok ,yaiku nanahe pak slamet sing bosok,akhire nani ora sidha les,tapi mlebu suarga,kabeh wong sa deso mlebu suarga kecuali pak slamet,amarga bunuh diri.
“Tamat”





Rabu, 02 Oktober 2013


“NSP LeoKimia”
Nani            :Assalamualaikum wr wb.
Mr slamet : wa’alaikum salam wr.wb.Eh nani ana apa?
Nani            : Nyuwun pangapunten pak,kula badhe ny
uwun pirsa,dalemipun bu puji.
Mr slamet :o…………………………………………………bu pujiiiiiiiiii,iki mbablas nganti ana pesarean mbah “jack sparow” goleki kijing sing tulisane pujiem binti tanwir,iku omahe bu puji.
Nani   : warnanipun bu puji napa nggih pak?
Mr.slamet   : warnane cokelat.
Nani    : nggih sampun pak,kula tak pamit riyen,matur nuwun.
Pak slamet    : eh,nani tunggu ,bu puji nembe wae menyang solo.
Nani   : oh………..ngoten,nggih pak?nggih sampun tak kapan kapan mawon,maturnuwun sanget nggih pak !
Pak slamet   : Ya,…..lho  kae bu puji?
Nani  : Wah inggih pak,!
Pak slamet   :  ya wis kana,nek kepingin ketemu bu puji.
Nani  : inggih pak!
Pak slamet   : lha ana apa ta,ko pingin ketemu bu puji?
Nani   :   kula badhe ndaftar les basa jawa!
Pak slamet  : Lha daftar nang endi?
Nani   : ing dalemipun bu puji.
Pak slamet  : Bu puji iku guru apa ta?
Nani  :bu puji inggih punika guru basa jawa.
Pak slamet  : ooo,guru basa jawa ta?aku ki gek ngerti,waduh aku ndeso iki,!
Nani   : la punapa pak?
Pak slamet  : aku ora ngerti nek bu pujiem kui guru basa jawa,tur aku ora bisa basa jawa krama alus.
Nani   : ampun nangis pak,mangke tak tumbaske permen,kaliyan lolypop.
Pak slamet  : kui ra ngaruh lan,aku ora due untu,nek mbadok permen ndas ku langsung umup ,gusiku metu nanahe warnane kuning semu putih,kira kira bisa produksi nanah nganti 45 liter.
Nani   : o…,pantes dalemipun bapak,sering teles kebanjiran lendir kuning semu putih,tur mambu bosok.
Pak slamet  : lha kok ngerti?
Nani  :pak,ambune punika sumebar nganti sak deso,bapak lan ibu kula seda amargi mambu bosok saking nanahipun bapak,sampun wonten pitung dasa kalih tiyang wonten deso niki  ingkang seda amargi ambune nanahipun bapak.Kewan ternak padha mati,pithik kula lan sapi kula mati.Ternak sa desa mati sedaya.
Pak slamet  : o…,ngono ta.berarti penyebabe kabeh wit ing desa iki mati ya ambune nanahku sing bosok iki.
Nani  : wah mungkin bapak leres,wit witan mati amargi nanahipun bapak mambu bosok,wit witan wonten desa mati sedaya.Pari pari pada layu,tur gagal panen.
Pak slamet  : lha dik nani kapan arak ketemu bu puji?
Nani   :  jam ‘sekawan kirang sedasa menit’ pak.
Pak slamet  : lha iki wis jam sepuluh bengi,piye jal?dewe ngobrole kesuwen.
Nani   : mboten napa napa,kula tak ketemu bu puji sakniki.
Pak slamet : Oya,aku kan ora bisa krama alus,aku tak melu daftar les basa jawa ya,olehra dik?
Nani  : pareng pak,!

                                         bersambung 7 hari lagi..........