Rabu, 02 Oktober 2013


“NSP LeoKimia”
Nani            :Assalamualaikum wr wb.
Mr slamet : wa’alaikum salam wr.wb.Eh nani ana apa?
Nani            : Nyuwun pangapunten pak,kula badhe ny
uwun pirsa,dalemipun bu puji.
Mr slamet :o…………………………………………………bu pujiiiiiiiiii,iki mbablas nganti ana pesarean mbah “jack sparow” goleki kijing sing tulisane pujiem binti tanwir,iku omahe bu puji.
Nani   : warnanipun bu puji napa nggih pak?
Mr.slamet   : warnane cokelat.
Nani    : nggih sampun pak,kula tak pamit riyen,matur nuwun.
Pak slamet    : eh,nani tunggu ,bu puji nembe wae menyang solo.
Nani   : oh………..ngoten,nggih pak?nggih sampun tak kapan kapan mawon,maturnuwun sanget nggih pak !
Pak slamet   : Ya,…..lho  kae bu puji?
Nani  : Wah inggih pak,!
Pak slamet   :  ya wis kana,nek kepingin ketemu bu puji.
Nani  : inggih pak!
Pak slamet   : lha ana apa ta,ko pingin ketemu bu puji?
Nani   :   kula badhe ndaftar les basa jawa!
Pak slamet  : Lha daftar nang endi?
Nani   : ing dalemipun bu puji.
Pak slamet  : Bu puji iku guru apa ta?
Nani  :bu puji inggih punika guru basa jawa.
Pak slamet  : ooo,guru basa jawa ta?aku ki gek ngerti,waduh aku ndeso iki,!
Nani   : la punapa pak?
Pak slamet  : aku ora ngerti nek bu pujiem kui guru basa jawa,tur aku ora bisa basa jawa krama alus.
Nani   : ampun nangis pak,mangke tak tumbaske permen,kaliyan lolypop.
Pak slamet  : kui ra ngaruh lan,aku ora due untu,nek mbadok permen ndas ku langsung umup ,gusiku metu nanahe warnane kuning semu putih,kira kira bisa produksi nanah nganti 45 liter.
Nani   : o…,pantes dalemipun bapak,sering teles kebanjiran lendir kuning semu putih,tur mambu bosok.
Pak slamet  : lha kok ngerti?
Nani  :pak,ambune punika sumebar nganti sak deso,bapak lan ibu kula seda amargi mambu bosok saking nanahipun bapak,sampun wonten pitung dasa kalih tiyang wonten deso niki  ingkang seda amargi ambune nanahipun bapak.Kewan ternak padha mati,pithik kula lan sapi kula mati.Ternak sa desa mati sedaya.
Pak slamet  : o…,ngono ta.berarti penyebabe kabeh wit ing desa iki mati ya ambune nanahku sing bosok iki.
Nani  : wah mungkin bapak leres,wit witan mati amargi nanahipun bapak mambu bosok,wit witan wonten desa mati sedaya.Pari pari pada layu,tur gagal panen.
Pak slamet  : lha dik nani kapan arak ketemu bu puji?
Nani   :  jam ‘sekawan kirang sedasa menit’ pak.
Pak slamet  : lha iki wis jam sepuluh bengi,piye jal?dewe ngobrole kesuwen.
Nani   : mboten napa napa,kula tak ketemu bu puji sakniki.
Pak slamet : Oya,aku kan ora bisa krama alus,aku tak melu daftar les basa jawa ya,olehra dik?
Nani  : pareng pak,!

                                         bersambung 7 hari lagi..........

3 komentar:

  1. Balasan
    1. Sudah ada lanjutannya di https://hudasaga.blogspot.com/2013/10/lanjutannsp-leokimia.html

      Hapus